Kamis, 08 Oktober 2015

Ukara Lamba lan Ukara Camboran

Miturut akeh sithike rerangkene tembung, ukara dibedakake dadi rong ukara yaiku ukara lamba lan ukara camboran.
UKARA LAMBA
yaiku uga diarani ukara tunggal kang gagasane mung siji kang dumadi saka Jejer (J) lan Wasesa (W).
Tuladhane ( contonya ): 1) Sepedah motor   rusak
                                                   J                     W
                                       2) Sampah plastik   kudu kaolah dhisik        
                                                   J                          W
UKARA CAMBORAN
yaiku ukara kang gagasane luwih saka siji, Jejer (J), Wasesa (W), Lesan (L) utawa Katrangan (K) luwih siji. Ukara camboran dibedakake dadi 3 ukara yaiku:
 Ukara camboran sajajar yaiku ukara kang kedadean saka kumpulan ukara baku sarana nganggo tembung pangiket  "nanging "
Tuladhane: 1) Anake wadhone winarti bangun turut, nanging anake lanang wakot
                  2) Simbok yen isuk ora sarapan, nanging simbok yen awan mangan

 Ukara camboran sungsun/ camboran ora sajajar (kalimat majemuk bertingkat) yaiku menawa ukara sing siji dadi keterangane diarani wuwuhan/imbuhan (anak kalimat) ukara sing sijine ukara kang diterangake diarani ukara baku (induk kalimat)
Tuladhane: 1) Rudi budal sekolah isuk-isuk, supaya ora  pungkasan
                   2) Pardi wong sugih, dene Yunus wong mlarat

Ukara camboran rapatan yaiku ukara camboran kang dumadi saka ukara lamba 2.
Tuladhane: 1) Intan mangkat, sadurunge srengenge mletek
                          J         W             K                J             W
                   2) Aku nulis surat, sakwise kancaku muleh
                          J      W     L         K            J          W

Semoga bermanfaat  :-)


1 komentar:

  1. How to Get a Free Bet with Online Gambling - DRMCD
    How to get 정읍 출장안마 a 영천 출장샵 Free Bet with Online Gambling. The easiest and 전라북도 출장마사지 fastest way to get a free bet is by using the Casino Card. It is 통영 출장마사지 also 나주 출장마사지 possible to join one of

    BalasHapus